1
Allah kang dados padhang nuntun dhateng kraharjan,
astanya sestu santosa ngreksa tyang kang pracaya,
pepadhanging Allah nganthi ngirid ing ngajeng lan wuri,
ngantos dumugeng swargi.
2
Allah kang dados pepadhang nuntun klayan kaloman
sabdanya kebak pangwasa sung pangayoman nyata
sestu pepakening Allah nyegerken manah kang lesah
wah ngiyatken ing lampah.
3
Allah kang dados pepadhang nuntun ing margi yekti.
mring margining kasampurnan gayuhaning pra suci
kula badhe salaminya ndherek Gusti kanthi setya
wit mesthi dugeng swarga.
4
Allah kang dados pepadhang madhangi manah kula
salaminya kula gesang tansah pasrah pracaya
kula tan ajrih bebaya karubedan wah sangsara
wit Gusti nganthi kula.