1
Kabegjan kang sejati tinunggil Gusti
yen panggodha ndhatengi gya den tulungi
mrih manteb pracaya wah tetep waluya
malah ngesorken dosa yekti mursidnya.
2
Kabegjan kang satuhu rineksa Gusti
yen panandhang ngreridhu gya den luwari
mrih kraharjan nyata sinandhang slaminya
mila tansah sung puja wit sih piwlasnya.
3
Kabegjan kang sanyata jinangkung Allah
yen rinoban sengsara gya den entasna
mrih ayem ing manah sarta tentrem tansah
memuji datan kendhat nggunggung sih rahmat.