Kidung
KPKA 127 Kula Tyang Pracaya
Jml bait: 0
KPKA 126KPKA 128
1
Kathah tyang kang rebadan drajad lan kamulyan nggih sami kamitegan ngurbanken mring liyan
kula tyang kang pracaya mbangun turut Gusti ngudi ing gegayuhan klayan mursid yekti
2
Kathah tyang kang rebadan pangwasa-wisesa silih sung kasangsaran nyenyebar cintaka
kula tyang kang pracaya mbabar kraton swarga ndherek nata bebrayan manut ing Pangeran.
3
Kathah tyang kang rebadan kasugihan donya silih pejah-pejahan wah ngrisak pepadha
kula tyang kang pracaya mung mbabarken tresna sugih mlarata tansah dadya margi berkah.
Referensi Aransemen :
KPKA 126KPKA 128