1
Dak rangkul salibe Gusti kang agung tresna lan sihe
sarta dhangan dak ungseni dak rangkul salibe
dak rangkul salibe, dak rangkul salibe
yeku margining sih rahmat dak rangkul salibe.
2
Yen aku kabidhung susah ing ati rasane lesah
mesthi malih dadi bungah yen ngrangkul salibe,
3
Ing sajroning karubedan sarta yen nyangga momotan,
Gusti kang paring karosan dak rangkul salibe,
4
Sanadyan kabotan susah utawa atiku bungah,
nging tansah tresna mring Gusti dak rangkul salibe,