1
Yen sira sangsara sarta sedhih manteba pracaya Allah tan tebih
aja wedi Gustimu nganthi rehing kadursilan mesthi kasoran
pepeteng dosa ilang sirna mung gung karaharjan kang sinandhang.
2
Yen nyangga momotan wah panandhang aja sira semplah alit ing manah
iblis julig memilut driya milih margi entheng nging dugeng nraka
pasrah Pangeran nyuwun kiyat sira linuwaran wit sih rahmat.