Kidung
KPKA 12 Yesus Sang Pangen Sejati
Jml bait: 0
KPKA 11KPKA 13
1
Gusti Yesus Pangen kula, kula menda kagungannya
dennya nebus klayan rahnya mrih kula gesang slaminya.
2
Sang Kristus Pangen utama kang sampun ngetohken nyawa,
nebus kula saking dosa wah nuntun kula mring swarga.
3
Gusti ngayomi mendanya inguwalken sing rubeda,
mrih tan tiwas ing panandhang nging tansah manggih kabegjan.
4
Gusti ngempalken mendanya kadadosaken sapantha,
kinen gesang atut rukun mbangun turut Pangenipun
5
Gusti ngreksa pra mendanya klayan astanya kang rosa,
lamun wonten kang ketriwal den luru mrih datan ical.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 68
KPKA 11KPKA 13