Kidung
KPKA 116 Pasrah Sumarah Mring Gusti
Jml bait: 0
KPKA 115KPKA 117
1
Pasrah sumarah mring Gusti Pangayoman kang sejati
uripmu tansah rinimat wit Gusti gunging sih rahmat
waspadakna makluk wrata karoban ing sih lan piwlasnya
wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya.
2
Pasrah sumarah mring Gusti mrih ayem tentrem ing ati,
bungah susah sugih mlarat memuji Gusti tan kendhat,
udinen kratoning swarga wah sagunging kasampurnannya,
temahan sira nyipati panganthi panunggiling Gusti.
3
Pasrah sumarah mring Gusti Parang Pangungsen sayekti,
lamun tinempuh prahara Gusti nyantosakken sira,
waspadakna mukjijadnya ing prakara gung wah prasaja,
kang wedi asih lan setya winuwuhan berkah sing swarga.
Referensi Aransemen :
KPKA 116

Cross Reff :
KPJ 178a
KPKA 115KPKA 117