1
Kula sami kekempalan memuji dhateng Allah
kang Maha asih Maha wlas ring sakehing tumitah.
2
Agung kanugrahanipun kang maring para umat agung
palimirmanipun mring tiyang kang mratobat.
3
Ngantos kang putra kinasih ingutus dhateng donya
awit sihe Allah inggih sinungken mring manungsa.
4
Supados sawaminira tetiyang kang pitajeng
mring Kang Putra sampun sima nging sinung gesang langgeng.