1
Gusti pangayoman nyata nuntun lampah kawula
panggodha tansah nempuha kula unggul sing dosa
wit kinanthi dening Gusti siyang dalasan ratri
ku la sinung basuki.
2
Gusti Pangen kang sejati ngrimati kula tansah
mila ayem tentrem yekti wit peparingnya tumrah
astanira nglanting kula nadyan rumpil marginya
kula sinungan begja.
3
Gusti pepadhang sanyata tansah nglipur kawula
awrata panandhang kula datan semplah ing driya
berkahira ngreksa kula ngantos ing salaminya
kula sinung raharja.