Kidung
KPKA 10 Allahe Para Pracaya
Jml bait: 0
KPKA 9KPKA 11
1
Allahe para pracaya ing sadhengah jaman,
yeku pangauban kita tuking kasampurnan.
2
Aneng ngarsaning dhampamya papan katentreman,
panyuwun kang bener hyata mesthi kaleksanan.
3
Sajagad raya dumadi karana sabdanya
para titah angakeni kwasane Pangeran.
4
Allahe para pracaya lumintu pangrehe
mring sakehing kagungannya langgeng pangrumate.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
NR 124
KPKA 9KPKA 11