Kidung
KPK 99 Baptisipun Lare Alit
Jml bait: 0
KPK 98KPK 100
1
Gusti mami, kula sami
Nyaosken lare alit
Mugi Gusti amaringi
Pratandhaning sih Tuwan
2
Gusti seda krana kula
Nggih krana anak kula
Sagung dosa ingaksama
Sami pinundhut putra
3
Baptis suci mratandhani
Sih Tuwan kang pinunjul
Allah Rama, Allah Putra
Roh Suci Allah mami
4
Mugi Gusti mitulungi
Bapa biyunging lare
Kasagedna mulang yoga
Ngabekti mring Gustinya
5
Mugi Gusti anjurungi
Nggen kula ndongakaken
Anak amba tinampia
Mlebet pasam’wan Tuwan
6
Kula sami anyaosi
Gung panuwun mring Tuwan
De prasetyan lan sih Tuwan
Tetep turun tumurun
Referensi Aransemen :
KPK 99

Cross Reff :
KPKA 205 KPK 100
KPK 98KPK 100