Kidung
KPK 91 Nyuwun Melaripun Kratoning Swarga
Jml bait: 0
KPK 90KPK 92
1
Dhuh Gusti mugi angelar
Kraton Tuwan ing sajagad
Pra umat samya sujuda
Dhateng Tuwan kang mengkurat
2
Tyang kapir Tuwan dhawuhi
Ingsun Yehuwah Pangeran
Gempura brahalanira!
Kang sinembah munga Tuwan
3
Mbirata saliring gunan
Jimat, tumbal, japa mantra
Munga rahe Putra Tuwan
Kang denanggep salir bangsa
4
Umat Tuwan Banisrael
Mugi enggal ingantukna
Dhateng nagrinya pusaka
Tobata mring Ratunira
5
Dhuh Gusti kawula Yesus
Tuwan mugi nunten rawuh
Israel klayan pra umat
Ngluhurna Tuwan sabyantu
Amin...
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 94
KPK 90KPK 92