Kidung
KPK 81 Pamarta Kula Agesang
Jml bait: 0
KPK 80KPK 82
1
Pamarta kula agesang
Tyas kula mila agirang
Kang sinalib gesang
Dennya seda krana kula
Wungune dados panjernya
Kula ndherek gesang
Gesang, gesang
Pamarta kula agesang
Kula ndherek gesang
Gesang, gesang
Pamarta kula agesang
2
Gusti gesang lajeng minggah
Dhateng tengenipun Allah
Andongakken mami
Sihnya angayemken manah
Gesangnya nuwuhken bingah
Ing tyase pra abdi
3
Gesang Gusti kang wus seda
Dennya gesang krana kula
Mila kula puji
Saiba Dennya ngasihi
Kula ngantos Den paringi
Gesang langgeng ugi
4
Tyas kula yogya agirang
De gadhah Pamarta gesang
Kang sung gesang mring wang
Gusti gesang aneng swarga
Nyawisi papan mring kula
Kula ndherek gesang
5
Gusti Pamarta kang gesang
Nimbali marek salir tyang
Kinen tobat samya
Dhatan wonten gesang malih
Namung dening kang sinalib
Kang agesang mulya
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPJ 267 KPKA 269
KPK 80KPK 82