Kidung
KPK 78 Wungunipun Gusti Saking Padununganipun Tiyang Peja
Jml bait: 0
KPK 77KPK 79
1
Gusti agesang malih
Sampun ngawonaken pati
Gusti wungu kula nggih
Sestu sami badhe tangi
Sinung gesang kang mulya
Yeku panglipur kula
2
Gusti wungu jumeneng
Ratu aneng kraton swargi
Umatipun kang mantep
Benjing ndherek angratoni
Gusti ingkang prasetya
Yeku panglipur kula
3
Gusti wungu, e kanca
Sampun uwas-uwas malih
Gusti dados Pantawis
Kang gesang, karsa anggalih
Ing kaapesan kula
Yeku panglipur kula
4
Gusti wungu, atemeh
Amikantukaken kula
Kasantosan, yen kedah
Angleluri lampahipun
Saged kalis ing dosa
Yeku panglipur kula
5
Gusti wungu supados
Pikekah kawula sami
Salebeting panggodha
Dalasan ing baya-pati
Gusti tan nilar kula
Yeku panglipur kula
6
Gusti wungu, si pati
Sampun ical antupira
Klayan ayeming ati
Badhe kula tilar donya
Sowan ing Gusti kula
Yeku panglipur kula
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 268 KPJ 252
KPK 77KPK 79