1
Duh lae Gusti kula
sinandhangan wirang
rikinarya makuta pinoyok
tyang kathah
rinangket lir durjana
cinampah sinia
dhuh Allah punapa
tan ngeman kang Putra
2
Wit aku uga Gusti
Ginitik, winirang,
Ngagem makutha dhuri
Lan singep poyokan.
Wit aku gawe dosa,
Tinaton sliranya,
Sinungkawan kang sora,
Lir tingalan nista
3
Dhuh Yesus kang ingajap
Pra luhur wit kina,
Mugi ta pra sakabat
Emuta slamanya.
Sangsara lan kwirangan,
Pangagem Sampeyan,
Nyawisi kadrajatan
Kula kang kanistan.