Kidung
KPK 60 Wiyosipun Gusti
Jml bait: 0
KPK 59KPK 61
1
Linuhurena Gusti Pamarta
Karsa rawuh ing donya
Linuhurena Gusti Pamarta
Karsa rawuh ing donya
Jagad bilai Kristus ngrawuhi
Daweg kanca den pepuja
Rawuhe Gusti dhatan ngadili
Malah nulungi tyang dosa
2
Linuhurena Gusti Pamarta
Karsa mlasi tyang dosa
Linuhurena Gusti Pamarta
Karsa mlasi tyang dosa
Jagad bilai Gusti ngrawuhi
Karsa nucekken tyang dosa
Drapon muktia saha mulyakna
Asmane Hyang Mawilasa
3
Linuhurena Gusti Pamarta
Karsa manjing manusa
Linuhurena Gusti Pamarta
Karsa manjing manusa
Jagad bilai Tuwan ngrawuhi
Paring t’lada mring tyang dosa
Ngirid mring swarga
Tyang kang pracaya
Swawi ndherek para kanca
Referensi Aransemen :
KPK 60

Cross Reff :
KPJ 236 KPKA 229
KPK 59KPK 61