Kidung
KPK 50 Donga Rama Kawula
Jml bait: 0
KPK 49KPK 51
1
Dhuh Rama kula ing suwarga
Asma Tuwan sinucekna
Kraton Tuwan mugi rawuha
Ing sawradinipun donya
Karsa Tuwan kalampahana
Neng bumi kadya neng swarga
Kula mugi pinaringana
Tedha kula sadintennya
2
Tuwan mugi karsa ngaksama
Sagunging klepatan mami
Kados dene kula ngapura
Klepatanira sesami
Punapa malih sampun ngantos
Kula kenging ing panggodha
Kawula Tuwan uwalaken
Saking pangawak dursila
3
(punika mawi lagunipun ingkang wekasan)
Wit dene Tuwan kang kagungan
Karaton saha wisesa,
Wah malih kamulyan kang langgeng
Ing salaminipun, Amin
Referensi Aransemen :
KPK 49KPK 51