Kidung
KPK 5 Masmur 23
Jml bait: 0
KPK 4KPK 6
1
Allah yeku Pangen kula
Kula menda kagunganNya
Mesthi datan kekirangan
wit rinimat dening Pang’ran
2
Dennya mlegungaken kula
Dhateng panggenan kang eca
Alon den-giring mring toya
Ing papan kang gung tentremnya
3
Langkung ayem manah kula
De tinuntun ing astanya
Dhateng margining raharja
Karana saking kang Asma
4
Nadyan kula ngambah jurang
Antaka, nggih tan sumelang
Wit Tuwan kang nganti kula
Dados panglipuring driya
5
Tuwan nyegahi mring kula
Ngajengannya satru rodra
Sih Tuwan tansah ambleber
Tuwung kula ngantos luber
6
Karaharjan lan kadarman
Badhe ngiring lampah-ingwang
Salaminya kula gesang
Ngantos mlebet kraton Tuwan
Referensi Aransemen :
KPK 4KPK 6