Kidung
KPK 40 Masmur 127
Jml bait: 0
KPK 39KPK 41
1
Menawa dudu Yehuwah
Kang ayasa omahira
Mesthi tansah tanpa gawe
Pagaweaning tukange
2
Menawa dudu Yehuwah
Mang ngreksa marang negara
Para kemit tanpa gawe
Nggone jaga gapurane
3
Tanpa gawe tangi turu
Isih esuk umun-umun
Nadyan jaga nganti bengi
Iku ya tan maedahi
4
Tan gawe nggonmu mangan
Pametuning kasusahan
Yen dudu Allah makwasa
Kang karsa tulung mring sira
5
Kekasihing Allah iku
Lir sajroning padha turu
Pinaringan pitulungan
Saking astane Pangeran
Referensi Aransemen :
KPK 40

Cross Reff :
KPJ 366
KPK 39KPK 41