Kidung
KPK 4 Masmur 19
Jml bait: 0
Style: Cool8Beat
KPK 3KPK 5
1
Langit anyariyosaken
Kamulyaning Hyang Agung
Nguwaraken pakaryaning
Astane kang linangkung
Dresing pangucap mlintu
Waktu siyang lan dalu
2
mBoten wonten pitembungan
Tuwin tan wonten basa,
Ingkang boten kamirengan
Suwaraning akasa;
Ungelira nyrambahi
Mring salumahing bumi
3
Angger-anggering Pangeran
Nyata nglejarken nyawa
Tyang punggung kadamel saged
De seksine kang setya,
Leres tetimbalannya,
Tur mbingahken ing driya
4
Prentahe Pangeran mulya
Damel padhanging netra
Wewedene suci, tetep
Ngantos slami-laminya
Bebenerane nyata
Sarta adil sadaya
Referensi Aransemen :
KPK 4

Cross Reff :
KPJ 16 KP 93

Reff Style : Cool8Beat ; MM 0
KPK 3KPK 5