Kidung
KPK 39 Masmur 123
Jml bait: 0
KPK 38KPK 40
1
Kula tumenga mring Gusti
Kang pinarak ing swarga
Kados mripatipun abdi
Mulat dhateng Gustinya
Nggih mekaten mripat amba
Mandeng mring Gusti kula
Ngajeng-ajeng pitulungan
Ngadhang rentahing sihnya
2
Mripat amba tansah mandeng
Dhateng Allah kawula
Kados abdi ingkang nyawang
Mring astaning Gustinya
Sami ngadhang pitulungan
Saking kang sinuwitan
‘Nggih makaten ingkang abdi
Nyadhong piwelas Tuwan
Referensi Aransemen :
KPK 39

Cross Reff :
KPJ 15
KPK 38KPK 40