Kidung
KPK 38 Masmur 122
Jml bait: 0
KPK 37KPK 39
1
Iba bungahing atiku
Yen ana ngajak mring amba
Payo padha bareng munggah
Mring daleme kang Makwasa
Yerusalem sikil ulun
Tumapak neng gapuramu
He Yerusalem nagri endah
Umate Allah ngleboni
Mring daleme kang Masuci
Lan muji sokur marang Allah
2
Yerusalem kadongakna
Kasuwunaken gung tentrem
Kapujekna rahayunya
Sajroning baluwartine
Neng omahira anaa
Kaendahan lan raharja
Mitramu ginanjara slamet
Krana kadang lan mitraku
Krana wismane Allahku
Tansah dakarah kraharjanmu
Referensi Aransemen :
KPK 37KPK 39