Kidung
KPK 37 Masmur 121
Jml bait: 0
KPK 36KPK 38
1
Mripatku tumenga mring langit
Pitulunganku king ngendi
Pitulunganku saking Allah
Kang murbeng langit lan bumi
Pangeran kang ngampingi sira
Tan pareng yen nemu tiwas
Pacalangira ora ngantuk
Mula atimu aja was
2
Pacalange ing pasamuwan
Mesthi tan ngantuk lan sare
Yehuwah yeku Pacalangmu
Kang agung ing panjangkunge
Yehuwah kang ngayomi sira
Temah dhatan kasumukan
Dening panase ing tengange
Myang anyepe ing rembulan
3
Allah kang rumeksa mring sira
Inguwalken saking salir
Godha rencana lan bilai
Temah nyawamu tan kwatir
Sira metua, lumebua
Tansah jinangkung tan kendhat
Ya, samengko neng alam donya
Lan tumeksa ing akerat
Referensi Aransemen :
KPK 36KPK 38