Kidung
KPK 171 Ngajalipun Sadherek
Jml bait: 0
KPK 170
1
Dhuh Gusti Pamarta kula
Kang mengku pejah gesang
Kula sami kekempalan
Sowan ing ngarsa Tuwan
Kajat kula nyaosaken
Saudhara kawula ingkang saweg tilar donya
Pinecat nyawanira
2
Kula sami masrahaken
Nyawanira mring Tuwan
Mugi sageda tinrimah
Manggiha karaharjan
Arerema denya aso
Mantun rekasanira
Ayema denya sumare
Ngantos benjing tanginya
3
Tuwan mugi sung panglipur
Mring sanak kadangira
Ingkang sarwi urun tangis
Nguntapaken mayitnya
Kang taksih wilujeng mugi
Ginugaha ing driya
Suminggaha saking dosa
Slameta ngajalira
Referensi Aransemen :
KPK 170