Kidung
KPK 156 Kori ingkang Menga
Jml bait: 0
KPK 155KPK 157
1
Kula sumrep kori menga
Kang anjog dhateng swarga
Yeku sih rahmate Allah
Lantaran Sang Pamarta
Sokur dene kula niki
“Nggih taksih winengan kori
Kula, kula, nggih kula lan dika
2
Angger tiyang angsal mlebet
Medal ing kori niki
Tiyang sugih, tiyang mlarat
Tyang ageng alit ugi
Sokur dene kula niki
“Nggih taksih winengan kori
Kula, kula, nggih kula lan dika
3
Mila dhaweg sami mlebet
Mumpung taksih atalad
Sedheng kori taksih menga
‘Nggih korining sih-rahmat
Sokur dene kula niki
“Nggih taksih winengan kori
Kula, kula, nggih kula lan dika
4
Dhaweg sami manggul salib
Andherek Sang Pamarta!
Benjing sinungan makutha
Gesang langgeng neng swarga
Sokur dene kula niki
“Nggih taksih winengan kori
Kula, kula, nggih kula lan dika
5
Saiba pidhuwungipun
Tiyang yen dugeng janji
Kaineban kori tobat
Tan wonten kang mengani
Sokur dene kula niki
“Nggih taksih winengan kori
Kula, kula, nggih kula lan dika
Referensi Aransemen :
KPK 156

Cross Reff :
NKB 18 KPJ 408 KP 60 KPKA 326
KPK 155KPK 157