1
Uripku pindha pangidung
Sumaos mring Pangeran
Nadyan neng donya lwih agung
Sedih lan kasusahan
Nging satengahing pasambat
Tansah dennya umanggung
Pangidunge pra mlaekat
Yogya aku ya ngidung
2
Sirnaa saliring bungah
Gustiku dhatan gingsir
Nadyan karoban ing susah
Padhangku tan sumingkir
Atiku asukarena
De tan pegat jinangkung
Ing sihrahmate Sang Rama
Sayogya aku ngidhung
3
Lamun ngelingi Gustiku
Sedhihku enggal sirna
Dak tut buri ing salaku
Wit ginendheng ing sihnya
Saiba ayem ing kalbu
Yen rineksa Hyang Agung
Ngarah apa maneh aku
Sayogya aku ngidung