Kidung
KPK 139 Gusti Yesus Ratu Adil
Jml bait: 0
KPK 138KPK 140
1
Gusti Yesus Ratu adil
Panetep Panatagami
Kang mengku sajagad rat
Sagung ilat badhe nyebut
Wah salir dengkul
Asujud mring Gustine pra umat
Mring Gustine pra umat
2
Namung dening Kangjeng Gusti
Kita saged dados suci
Kinumbah klayan rahnya
Gesang langgeng wus sinungken
Wah tyang dosa rinukunken
Lantaran Sang Pamarta
3
Tiyang dosa kang kesrakat
Tiyang sakit wah tyang mlarat
Bra samya tinimbalan
Dene dinten kang umarek
Apitados ngarep-arep
Mesthi ‘nggih tinulungan
4
Mila sampun ta semados
Bok inggih samya pitados
Mring Gusti Ratu amba
Pinundia trus ing batos
De Kang Kwasa karsa dados
Juru Pamarta kita
5
Pra abdinya agiyaka
Wah pra umat bra sumyaka
Bagea Kang Sinuhun
Kang rawuh ngagem asmanya
Pangeran kang mahamulya
Bagea Ratu ulun
6
Kula ugi tumut muji
Miwah ngluhuraken Gusti
Nadyan asor ing pangkat
Gusti Yesus Ratu adil
Panetep Panatagami
Kang mengku sajagad rat
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 177 KPJ 404
KPK 138KPK 140