Kidung
KPK 135 Gusti Pananggel Kula
Jml bait: 0
KPK 134KPK 136
1
Aku rehne sekeng
Ngungsi maring Gusti
Dene rahe kang suci
Mbirat dosa mami
Gusti wus nyaur
Pundhat utangku
Dosaku luwih agung
Nging Gusti kang nglebur
2
Namung kwasa Tuwan
Dhuh Gusti Pamarta
Ingkang saged ngluwari
Kula saking dosa
3
Nggen kula nyenyuwun
Kang dados landhesan
Dede labet kawula
Anamung sih Tuwan
4
Yen ndhungkap ngajalku
Tansah dakandhemi
Gusti Yesus wus nyaur
Pundhat utang mami
5
De yen wus sampurna
Aku aneng swarga
Panebusku dakpuji
Langgeng salamanya
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 51
KPK 134KPK 136