Kidung
KPK 134 Kula Ugi
Jml bait: 0
KPK 133KPK 135
1
Adhuh Gusti kula mireng
Kathah tyang ingkang samya
Binerkahan dening Tuwan
Mugi mberkahi kula
Nggih kula, ‘nggih kula
Mugi mberkahi kula
2
Mugi sampun anglangkungi
Dhateng kula, dhuh Rama
Tyang kathah Tuwan welasi
Mugi mlasi mring kula
‘Nggih kula, ‘nggih kula
Mugi mlasi mring kula
3
Sampun anglangkungi kula
Dhuh Pamarta kang setya
Tuwan nimbali tyang dosa
Mugi nimbali kula
‘Nggih kula, ‘nggih kula
Mugi nimbali kula
4
Dhuh Roh Suci, mugi sampun
Anglangkungi mring amba
Tyang wuta Tuwan padhangi
Mugi madhangi kula
‘Nggih kula, ‘nggih kula
Mugi madhangi kula
5
Dhuh Pangeran, sampun alangkung
Sih Tuwan sumrambaha
Tyang sanes Tuwan berkahi
Mugi mberkahi kula
‘Nggih kula, ‘nggih kula
mugi mberkahi kula
Referensi Aransemen :
KPK 134

Cross Reff :
KJ 235 KC 298 NP 124 KK 283 BE 465 BN 465 NR 76 KPK 134 KP 49 KPKA 112
KPK 133KPK 135