Kidung
KPK 115 Pangandel Dumateng Allah
Jml bait: 0
KPK 114KPK 116
1
Neng gunung wah neng ngare
Gusti Allah ana
Nyanga ngendi paranku
Mesthi ana uga
Endi kang dadi cipta
Lan osiking ati
Kabeh mesthi kapirsan
Ing Allah Hyang Widi
2
Sang Rama aneng swarga
Mengku samubarang
Sing sapa kang kumandel
Mesti tinulungan
Manuk ing awang-awang
Allah kang ngingoni
Suket lan tethukulan
Wrata denpaesi
3
Neng swarga lan neng bumi
Wengkone Pangeran
Jasad gedhe cilika
Allah tan klimengan
Saliring tumitahnya
Sajagad warata
Tansah anelakake
Piwlas lan kwasanya
4
Dhuh nyawaku den ayem
Tansah kumandela
Nang kanan lan kirimu
Rama Allah ana
Lamun kabotan susah
Tiningal ing sanak
Dalah yen ndhungkap mati
Allah mesti celak
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 136
KPK 114KPK 116