Kidung
KPK 108 Dhaupipun Sadherek
Jml bait: 4
KPK 107KPK 109
1
Sadherek kula niki
Kang saweg kawinan
Kula pepujekaken
Wonten pasamuwan
2
Kang mugi Gusti Allah
Maringana idi
Kang dados wilujenge
Nggene laki rabi
3
Panjanga umurira
Cekapa rejeki
Tulusa sih-sinisihan
Dumugi ing janji
4
Pundi dununging trisna
Kadhawahan berkat
Kanggenan Gusti pyambak
Lan urip tan pegat
 
Referensi Aransemen :
KPK 108

Cross Reff :
KPKA 301 KPJ 328
KPK 107KPK 109