Kidung
KPK 105 Bujana Suci
Jml bait: 0
KPK 104KPK 106
1
Dhuh Allah kang Ma’ Wilasa
Sampeyan aparing sih
Kula kasandhangan dosa
Nging Sampeyan kang ngaksama
Tansah amaringi sih
Piwlas kang Mahaluwih
2
Bujana suci kang nggugah
Rumaose pra kanca
Iba kawlasane Allah
Mring kula wah tiyang kathah
Duk masrahken kang Putra
Amrih kraharjan kula
3
Roti kang cinuwil-cuwil
Sarta sami dentedha
Yeku salirane Gusti
Semana pinaringaken
Maedahi pra s’khabat
Miwah tiyang sajagad
4
Tuwung kang sami denombe
Yeku darahe Gusti
Rahing prajanjian anyar
Semana winutahaken
Dados lantaranira
Pangapuntening dosa
5
Gusti ingkang maringaken
Sliranipun priyangga
Sestu dipun tombokaken
Nggenipun angentasaken
Para umat sadaya
Ingkang sami pracaya
6
Kula sami anampeni
Palimirma Sampeyan
Boten wonten kang nyameni
Dhahar dalu kang nekseni
Palimirma Sampeyan
Sestu tanpa wangenan
7
Dosa kula langkung kathah
Kula sami ngakeni
Sampuna Gusti apasrah
Ngantos dumugi ing seda
Kula pados mring pundi
Icaling dosa mami
8
Mila kula mradinaken
Menggah seda Sampeyan
Ingkang ngrahayonaken
Saha ingkang nglepataken
Kula sing paukuman
Mung sedane Panutan
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPJ 311 KPJ 302
KPK 104KPK 106