Kidung
KPK 103 Pangaken Pitados
Jml bait: 0
KPK 102KPK 104
1
Kula pitados ing Allah
Sang Rama kang Ma’ kwasa
Ingkang nitahaken langit
Lan bumi saisinya
Kula pitados ing Gusti
Yesus Kristus kang Putra
Ontang-anting lan kekasih
Gusti Pamarta kula
2
Kang sampun kabobotaken
Sing kwasane Roh Suci
Miyos saking Prawan Maryam
Nahanaken pisakit
Kala Pontius Pilatus
Ingkang jum’neng bupatya
Sinalib nglampahi seda
Tumedhak ing antaka
3
Tigang dintenipun wungu
Sing antaka, dyan minggah
Dhateng swarga apinarak
Neng tengenipun Allah
Sang Rama kang Mahakwasa
King ngriku badhe rawuh
Angadili tiyang ingkang
Gesang lan ingkang pejah
4
Nging pitados ing Roh Suci
Wah malih wontenipun
Pasam’wan Kristen satunggil
Kang suci sarta umum
Pitepangane pra suci
Pangapuntening dosa
Tanginira para mati
Kang sarta gesang baka
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPJ 122 KJ 331 KK 692
KPK 102KPK 104