Kidung
KPK 100 Baptisipun Lare Alit
Jml bait: 0
KPK 99KPK 101
1
Gusti mami kula sami
Nyaosken lare alit
Mugi Gusti anjurungi
Nggen kula ndongakaken
2
Larenipun mugi dipun
Ganjara umur panjang
Sarta bagas kasarasan
Rejeki sampun kirang
3
Mugi Gusti mitulungi
Saha nglestantunaken
Bapa biyung anggenipun
Nggulawenthah yogane
4
Wau yoga angenira
Dadosa tyang utami
Saha malih angsala sih
Ing Gusti tuwin tiyang
5
Kula sami anyaosi
Panuwun ing Sampeyan
Dene yogya nunggil kula
Klebet umat Sampeyan
6
Iba begja kula samya
Tiyang sepuh anema
Yen tansaha lampah kula
Sembada lan baptisna
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 205 KPK 99
KPK 99KPK 101