Kidung
KPJ 99 Aku Duwe Pamarta
Jml bait: 0
KPJ 98KPJ 100
1
Aku duwé pamarta, Yésus Kristus asmanya,
kang wus ngurbanken sarira, ngruwat aku sing dosa.
Satuhu Gustiku, Yésus Kristus Pamartaku,
dakpuji trusing kalbu.
2
Aku duwé Pamarta, satuhu ing kasetyan.
Yèn aku nyangga panandhang, pinaringan karosan.
3
Aku duwé Pamarta, putrèng
Allah pribadya.
Yèn aku karoban susah, tinunggil mrih tan lesah.
4
Aku duwé Pamarta, nyata murwat pangrèhnya.
Lamun pepeteng nglimputi, Gustiku kang ngluwari
5
Aku duwé Pamarta, sih-rahmaté tan kendhat.
Yèn aku tumibèng dosa, dèntuntun mring pitobat.
Referensi Aransemen :
KPJ 99

Cross Reff :
KPS 46 KPK 133 KPKA 13
KPJ 98KPJ 100