1
Tyas kita dimèn slamanya bungah lan sukarena,
déné Sang Rama ing swarga nganggep putra mring kita.
Mara tansah abebungah saben dina antuk trang
Dalaning urip éndah apadhang, mara tansah dèn girang
2
Hyang Agung kang njangkung kita,
rineksa ing panggoda.
Sih-rahmatnya kang anglipur,
paring kuwat-santosa.
3
Lamun kita nyingkur Gusti,
nèng ati peteng, uwas.
ilang kekuwatan kita,
wah kabungahaning tyas.
4
Balik wong kang amiturut,
tansah padhang dalannya.
Mula mara manut Gusti,
suminggah saking dosa.