Kidung
KPJ 95 Tansah Dakrangkul Salibe
Jml bait: 0
KPJ 94KPJ 96
1
Tansah dak rangkul salibé Gusti kang agung tresnane
sarta dhangan dakungsèni, dakrangkul salibé.
Dakrangkul salibé, dakrangkul salibé,
yéku margining sih rahmat, dakrangkul salibé.
2
Yèn aku kabidhung susah, ing ati rasané lesah.
mesthi malih dadi bungah, yèn ngrangkul salibé.
3
Ing sajroning karubedan sarta yèn nyangga momotan,
Gusti kang paring karosan; dakrangkul salibé.
4
Sanadyan ta nandhang susah utawa atiku bungah,
ditansah tresna mrîng Gusti; dakrangkul salibé.
Referensi Aransemen :
KPJ 95
KPJ 94KPJ 96