Kidung
KPJ 91 Salir Wong Pracaya
Jml bait: 0
KPJ 90KPJ 92
1
Salir wong pracaya ywa urip sembrana
sih rahmate Gusti samya den tampeni
Nadyan lelahanan, nging sih kanugrahan;
yeku kurban sejati, Sang Kristus Gusti.
2
Kaslametanira bisa ilang sirna,
yèn sira sembrana nglirwakken sabdanya.
Mula dèn tumemen klayan geter, wedi,
nggonira manut Gusti, putrèng Hyang Widi.
3
Wong pracaya samya di tansah waspada.
Dosa wah panggodha énggal dènkalahna.
Tampanana sih-rahmat srana pitobat;
antuka tentrem-mulya nèng Gustinira.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 72
KPJ 90KPJ 92