Kidung
KPJ 88 Osiking Manah Kawula
Jml bait: 0
KPJ 87KPJ 89
1
Osiking manah kawula tan kenging kaendhakna,
kadereng asung pamuji wit sih tresna Paduka.
Gusti tedhak saking swarga dhateng jagad kang nistha,
ngrembat dosaning prajalmi nguwalken saking pati.
2
Gusti, Paduka siniya
cinampahan tan taha,
wit mundhi dhawuhing Rama
mitulungi manungsa;
ngunjuk tuwunging sangsara
wah séda ing Golgota.
"Wus rampung", panguwuhira
sarta masrahken nyawa.
3
Sih Paduka dhateng kula
sanget kawula pundhi.
Salib Paduka ndadosna
bingah kula lestari.
Saiba begja kawula
darbé Juru-basuki;
kalangkung panuwun kula
wah asmanya pinuji
Referensi Aransemen :
KPJ 87KPJ 89