Kidung
KPJ 79 Karsa Paduka Priyangga
Jml bait: 0
KPJ 78KPJ 80
1
Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan.
Pra kang sabar myang pracaya, tamtu antuk pitulungan
Paukuman katampia lir penget lan pitedah
dimen tangguh ing pangantya, tan koncatan sih Paduka.
2
Gusti tuking pitulungan, panglipur, lan pangayoman.
Sagung pitedah Paduka tan badhé kawula lawan.
Sihing Gusti lir samodra lubèr ngerobi kula.
Wah nyata sabda Paduka mratélakken palimirma.
3
Kawula nyuwun, dhuh Gusti, lamun manggih kasisahan,
panggodha, miwah panyobi, kawula sageda tahan.
Tan kuwatos, tan sumelang, sih Paduka cumadhang,
temah unggul kula yektos, karana saking pitados.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
NR 148 KPKA 109
KPJ 78KPJ 80