Kidung
KPJ 77 Iba Adi Tuwin Endahnya
Jml bait: 0
KPJ 76KPJ 78
1
Iba adi tuwin endahnya dinten ageng ingkang mulya.
Tiyang dosa wanuh Pamarta, samya nampi gesang nyata.
Gesang ing astaning Panutan ingkang kebak kaayeman.
Sagung dosa sampun ical;
mangkya ngrasuk gesang enggal
2
Iba adi tuwin éndahnya pawartos ingkang kapyarsa
Turut margi arum swaranya pangundhanging kabar adya
Kabar rahmat saking Pangéran rentahing berkah kraharjan
Kula samya tiyang dosa rinentahan palimirma.
3
Tyang dosa dèn sami mirengna, yogya samya anilingna,
napa sampun wanuh swaranya? Lamun dèrèng, mangga samya
énggal, umarek mring ngarsanya klayan éklas, manah suka.
Mung déning Yésus nggèn kita saged wangsul dhateng swarga.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 68
KPJ 76KPJ 78