1
Duk nyipati gung pakaryaning Gusti
lintang abyor ing dalu kang sepi,
wah gumlegering gludhug ing akasa,
kula ngungun gunging kamulyanta.
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa.
Nyawa kula gya sumyak sung puja,
yekti Allah mahakwasa.
2
Lamun nlasak tengahing wana-wasa
sato peksi kekidungan ramya.
Wonten ngaré dalah ing ardi ugi,
gung gumelar sesawangan adi.
3
Yèn siniram siliring samirana
sesekaran dalasan woh-wohan.
gandanira arum angambar-ambar
ngunguning tyas anumusi bingar
4
Klangkung ageng sih-katresnan Paduka,
ingurbanken Sang Kristus, Kang Putra.
sinangsara, séda tedhak naraka.
mrih manungsa basuki slaminya.