Kidung
KPJ 70 Amung Godhong
Jml bait: 0
KPJ 69KPJ 71
1
Amung godhong, lah ta adhuh, Gusti nganti muwun,
dene ngupados wohira, katemenan miwah tresna,
nanging kang pinanggya amung godhong amung godhong
2
Amung godhong, adhuh laé, datan ana wohe.
Saiba ta bilainya, yèn kadhawahan supata.
awit kang kadarbya amung godhong, amung godhong.
3
Amung godhong, dhuh bilai, yèn ndungkap ing janji,
Mari jamaning kawlasan, kari jaman pengadilan;
mangka kang kawuryan amung godhong, amung godhong.
4
Amung godhong, kembang lambé, ujar tanpa gawé;
kang sinebar gung kadarman, kang thukul mung kasaguhan,
tembung-tembung lahan, amung godhong, amung godhong.
5
Amung godhong, Gusti rawuh mriksa kang tumuwuh;
playunira menyang ngendi, lamun wohira mung dami,
mung pakaning geni? Amung godhong, amung godhong.
Referensi Aransemen :
KPJ 70

Cross Reff :
KPK 162 KPKA 50
KPJ 69KPJ 71