1
Gusti, kawula sowan atur pangabekti,
pasrah nyawa lan badan kanthi trusing ati.
Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman,
dimen kula lestantun wonten ing kraharjan.
2
Kawula sèstu ngudi manut rèhing Gusti,
nanging ringkihing budi tansah memalangi.
Dhuh Gusti, mugi rawuh, mulunga ing asta,
dadya gondhèlan bakuh, kula tan suwala.
3
Kula sèstu pracaya tan ngandelken dhiri,
namung karsa Paduka kang kula lampahi.
Karahayon sejati pangajap kawula,
sedya ngambah ing margi pitedah Paduka.
Amin.