Kidung
KPJ 69 Allah Mahakwasa Jumeneng Pamarta
Bringing In the Sheaves
Jml bait: 4
Style: 70sCntryChrt
KPJ 68KPJ 70
1
Allah Maha kwasa jumeneng Pamarta,
sestu gung tresnanya, angruwat dosa.
Salir tyang pracaya lamun tansah setya
luwar sing antaka, mlebet mring swarga.
Reff
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah bekti konjuk mring Gusti,
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.
2
Rama Mahamirah ngrentahken gung berkah
tyang nandhang sangsara manggih waluya
Saliring pra umat tan kendhat rinimat.
srana peparingnya, nadyan prasaja.
Reff
3
Gusti Mahaagung kang paring pitulung,
nglipur manah sisah mrih datan semplah.
Njangkung kagungannya, temah tansah begja,
gesang mursid yekti dumugèng janji.
Reff
4
Pangéran murbéngrat nglubèrken sih-rahmat.
mbélani tyang leres saking panindhes.
Nunggil tyang pracaya temahan santosa,
kuwawa ngasorken salir panggodha.
Reff 


Referensi Aransemen :
KPJ 69

Cross Reff :
NKB 208 GB 283 KMM 92 NP 291

Reff Style : 70sCntryChrt ; MM 0

Reff Chord : KPJ 69
Chord KPJ 69
KPJ 68KPJ 70