1
Allah kang Makwasa, karsa nampi kula
dados rowang mitra, wah utusan Paduka;
ngundhangken sihrahmat mring sagunging umat,
mrih kratoning swarga sumrambah sadonya.
2
Mugi Sang Roh Suci lestantun mitulungi,
mrih kula sembada leladi kanthi setya.
Manah tansah bingah datan naté semplah,
klayan ajrih-asih wah sepi ing pamrih