1
Aku tan ngreti mengkoné,
mung saderma lumaku.
Dudu surya kang dak antu,
jer iku bakal sirna.
Mengkoné aku tan kwatir,
wit Gusti wus prasetya.
Lakuku kinanthi Yesus,
mula tentrem uripku
Bab akèh aku tan ngerti,
kang bakal dak alami,
nging aku yakin sayekti,
tansah kinanthi Gusti.
2
Sangsaya cetha lakuku, pindha sukma sumengka.
Kepara ènthèng sangganku, kadya méga lir slaka.
Suryané padhang sampurna, tanpa tangis ngrubéda;
wasana kluwungé prapta ardi ngantos akasa.
3
Aku tan ngreti mbésuké, bisa nandhang sangsara.
nging kang paring pangan glathik lan ngayomi uripku.
Wektu rumpil pandumanku, bisa urubing latu,
nging Gusti anèng sisihku, wah nebus srana rahé.