1
Wong dosa rempu atimu, nlangsanana dosamu.
Mbok ya ngungsia mring Gusti,
mesthi kinarya suci.
Gusti nimbali sira,
rungoknata sabdanya,
pasraha jiwa raga.
2
Hé, wong kang ilang kesasar, saparanmu kapirsan.
Gusti nglari lan nimbali, bakal karsa nulungi.
3
Gusti kwasa, mahamirah nresnani sagung jalma.
Mula dèn énggal mareka, mesthi tan nampik sira.
4
Sira kaancam ukuman laknat wit dosanira,
nuli énggal umareka, tinebus ing rah adya.