Kidung
KPJ 62 Sihing Allah Kang Mahatresna
Jml bait: 0
KPJ 61KPJ 63
1
Sihing Allah Kang Maha tresna sung gesang nyata mring kula.
Yeku sih kang ngeram eramna mring kula tyang kebak dosa.
Mila kula tansah muji tan kendhat rinten lan ratri
2
Yèn Allah nganggep dosa kula
wah lepat klèntuning lampah,
kawula nemahi antaka
wit gesang mung awon tansah.
Nging Gusti lubèr sih-rahmat
kula pepuji tan kendhat.
3
Mring salir tyang, nggih sanak-kadang,
mesthi kawula tedahna
margi kang anjog ing pepadhang,
yéku sih-rahmat sanyata.
Punika sokur kawula
mring Gusti Kang Mahatresna.
Referensi Aransemen :
KPJ 62
KPJ 61KPJ 63