Kidung
KPJ 61 Saestu Keduwung
Jml bait: 0
KPJ 60KPJ 62
1
Saestu keduwung kula, dene kirang setya.
Kadhawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sesami,
nging tan ana bukti Aduh Gusti, nyuwun suci
2
Saèstu keduwung kula, dé gesang mung nglaha.
Kèlu pangwasaning dosa, mung nguja sengseming driya,
lampah tan prayogi. Adhuh Gusti, nyuwun suci.
3
Saèstu keduwung kula, dé ndlarung ing dosa.
Nadyan rinoban sih-rahmat, nging datan énggal mratobat,
mangkotaken ati. Adhuh Gusti, nyuwun suci.
4
Saèstu keduwung kula, nglirwakken kwajiban
mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan,
tentreming dumadi. Adhuh Gusti, nyuwun suci.
5
Saèstu keduwung kula, lamun dugèng janji,
gesang kula tan sembada, nilar citraning Sang Rama,
mesthi dèn bendoni. Adhuh Gusti, nyuwun suci.
Referensi Aransemen :
KPJ 61
KPJ 60KPJ 62